Laa ilaaha illa Allah # al-malikul haqqul mubin Muhammadur rosulullah # Shodiqul wa'dil amiinKaliopak banyune mili # Tekan kidul saka merapi Tetirahe kanjeng Sunan Kali # Manunggaling kawula Gusti Duh Gusti nyuwun ngapura # Dosa kula sing ora kira Pangapura kang dadi tamba # Ati kula kang pada lara Bapak ibu urip saiki # Saya abot saya nggilani Ayo pada nyenyuwun Gusti # Mugi-mugi paring padhang ati Para kanca kawula muda # Pada srawung sapada-pada Aja mbeda aja rumangsa # Mbangun desa supaya mulya Dusun kita ketiban awu # Saka watu digiling wesi Bledug mara ditampa paru # Rina wengi kuping dibrebegi Tandurane pada layu # mBiyen awoh saiki latu Ayo kanca piye diramu # Supaya bumi ora dadi nesu Kaliopak kali sing pepak # Ana Iwak ana biawak Kabeh mau paringan Gusti # Ayo dijaga ben mahanani Kaliopak minangka nadi # Ngurip-urip uga dadi ilham Jangkanipun minangka margi # Anglindungi bumi Mataram Kaliopak ibune kali # Akeh kali pada nyawiji Anyengkuyung eyang Senapati # Tapa ngeli adeging negri (klik di bawah ini untuk video sholawat kaliopak) ⬇⬇⬇⬇⬇⬇⬇⬇⬇⬇⬇ https://youtu.be/kb2xfEFi9fk